Sabtu, 16 Mei 2015

SOAL BAHASA JAWA ULANGAN TENGAH SEMESTER 2


DINAS PENDIDIKAN, PEMUDA DAN OLAHRAGA KABUPATEN BANJARNEGARA
UPT DINDIKPORA KECAMATAN PAGEDONGAN
SEKOLAH DASAR NEGERI 1 GENTANSARI
JL. Raya Gentansari KM.07 Pagedongan – Banjarnegara
 

ULANGAN TENGAH SEMESTER (UTS) II
TAHUN PELAJARAN 2014/2015

LEMBAR SOAL

Mata Pelajaran      :   Bahasa Jawa
Kelas/Semester     :   VI / 2
Hari, Tanggal        :   
Waktu                 :   

PETUNJUK UMUM:
1.  Berdoalah kamu sebelum mengerjakan soal !
2.  Tulislah nama, nomor, dan kelasmu pada lembar jawab !
3.  Bacalah petunjuk mengerjakan soal dengan cermat !
4.  Kerjakan dahulu soal-soal yang kamu anggap mudah !
5.    Teliti kembali pekerjaanmu sebelum diserahkan kepada Bapak/Ibu gurumu!


Wacanen batin!
SIMPEDES
Simpedes iku cekakan saka Simpenan Pedesaan. Arifin kuwi bocah gemi lan ngati-ati. Saben ndina yen sangune turah mesthi  disimpen ana celengan. Maune dheweke nyimpen dhuwite ana celengan ing ngomah nanging barang wis nampa keterangan saka gurune yen nyimpen dhuwit ana ngomah iku ora aman, mula banjur nyelengi dhuwite ana bank. Jenenge rekening ana bank BRI iku simpedes.
          Kancane Arifin sing jenenge Irawan lagi wae tuku celengan arep kanggo nyimpen dhuwite. Mung olehe nyelengi sok ora ajeg.
          Bareng dikandhani Arifin, yen nyimpen dhuwit ana ngomah ora aman, lan yen nyelengi ana bank iku aman, lan sok bisa oleh hadiah, Irawan uga melu-melu nyelengi ana ing bank.
Kapethik saka : “ buku Wursita Basa”
I.      Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c , lan d ana sakngarepe wangsulan kang bener ana lembar jawab kang cumawis!
1.     Isine wacan ing dhuwur yaiku....
a.       Simpedes iku cekakan saka Simpenan Pedesaan           
b.      Nyelengi dhuwit  ana ngomah iku ora aman       
c.       Nyeleng ana bank aman lan dhuwite nambah
d.      Nyelengi iku bisa ana bank lan ing celengan
1.     Irawan uga banjur nyimpen dhuwite ana bank amarga....
a.    Simpedes iku jenenge bank                    c.       Nyimpen dhuwit ana bank kuwi rugi
b.    Nyimpen dhuwit ing bank iku aman                   d.       nyimpen dhuwit ana bank iku angel dijupuk
2.     Carane supaya duwe dhuwit kanggo tembe buri yaiku....
a.    Sregep nyelengi                                                       c.       Gemi lan ngati-ati
b.    Kerep tuku lotre                                                      d.       njaluk dhuwit wong tuwa
3.     Bobote abot kapuk. Tembung sanepa iku tegese....
a.      Wujude lembut banget                                   c.       Bobote entheng banget                                          
b.     Awake lemu banget                                       d.       lemune bunder banget

4.     Minangka tuladhane pambuka pidato yaiku....
a.      Nuwun para sesepuh, pinisepuh ingkang kinabekten
b.     Puji syukur kula aturaken dumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung
c.      Bapak Subrata sarimbit sampun kalampahan nyunati putranipun Baskara
d.      Mbok bilihkula matur kathah lepatipunkula nyuwun pangapunten
5.      Tibaning swara ing pungkasaning gatra  tembang macapat diarani....
a.      Gatra                                                                             c.       Wilangan
b.     Lagu                                                                              d.       pada
6.     Murah sandhang , murah boga. Tembung boga padha karo....
a.      Papan                                                                            c.       Pangan
b.     Panggonan                                                            d.       panguripan
7.     Panulisane ukara kandha/langsung kang trep yaiku....
a.      Bapak ngendika :”Sapa sing arep melu.”            C.       Bapak ngendik :”Sapa sing arep melu?”    
b.     Bapak ngendika :”Sapa sing arep melu!”            d.       Bapak ngendika :”Sapa sing arep melu,”   
8.     Dohna tumindak ala. Kang dadekake urip rekasa
Amanat panggelan geguritan ing dhuwur yaiku....
a.      Yen tumindak ala uripe bakal mulya                           c.       Yen tumindak becik uripe bakal rekasa
b.     Yen tumindak ala uripe bakal rekasa                          d.       Yen tumindak becik uripe bakal mulya
9.     Ukara kang bener  lan trep manut unggah-ungguh yaiku....
a.      Simbah sampun kesah dateng peken                c.       Muride wis pada tindak gasik
b.     Ibu saweg mlampah-mlampah                                  d.       bapak sampun tindak saben
10.   Andheng-andheng manggon ing pipi. Tembung pipi basa kramane....
a.      Pangarasan                                                            c.       Padharan
b.     Panengeran                                                            d.       pamidhangan

II.   Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo  tembung kang mathuk!

11.  Roni kae yen  ngerti panganan mesti mogel ilate. Iki minangka ngritik bocah kang senenge....
12.  Perangane pidhato ana papat pambuka, isi , panutup lan....
13.  Aku diaturi buku tulis pak lik.
Tembung kang ora trep panganggone yaiku... benere...
14. Mangga kula dherekaken muji sukur dhateng Gusti ingkang Maha Agung.
Ukara iki minangka ... sesorah / pidhato.
15.  Simbah saweg dhahar yen diowahi dadi basa ngoko alus yaiku....
16.  Suwe lara-laranen mula praupane katon pucet. Tembung entar kang trep kanggo nganti praupane katon pucet yaiku abang....
17.  Raden Nakula nalika isih cilik arane....
18.  Pasangan wutuh ing aksara jawa ana ... yaiku....
19.  Aja pijer mangan nendra. Nendra padha karo....
20.  Panulisane aksara jawa “Mundhak gedhe” kang trep yaiku....

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi cekak aos!
21. Owahana geguritan iki dadi gancaran (prosa)!
Nalika ulangan
Kabeh padha mingkem
Kabeh meneng
Mbisu
Mung pulpen kang obah
Gawe aksara
Mikir
22. Ukara-ukara ngisor iki owahana dadi basa krama alus!
a.    Jam siji awan Ibu Guru lagi kondur saka sekolah.
b.    Bu Dharmo tindhak menyang pasar mundhut gula.
23. Gawea ukara ngangga tembung-tembung ing ngisor iki!
a.    Ngaturaken
b.    Ngendika.
24. Apa tujuane pemerintah nganakake transmigrasi?
25.  

Wacanen tulisan  jawa ing dhuwur wacane banjur tulisen latin!




1 komentar:

  1. Casino Bonus & Promo Code | DMC
    With a 남원 출장안마 Casino Bonus & Promo 군포 출장마사지 Code 2021, you can claim an additional $50 free bet 동해 출장안마 just for signing up 경기도 출장안마 and playing slots. Use 동두천 출장샵 this code to unlock a bonus of

    BalasHapus